Beatrice
Marietta : Maria
Dinda
Prastika Nabila : Nahda
Putri
Cantika P P : Ningrum
Rizki
Hakam Kurniadin : Udin
Tri
Banun Nugraha : Graha lan Pak Jaya (Bapakke Ningrum)
Prolog :
Ing
sawijining dina, ana telung sahabat sing edek banget, yaiku Maria, Nahda, lan
Ningrum. Telung sahabat kuwi nduwe geng sing jenenge “Tiga Sekawan”. Crita
diwiwiti saka bali sekolah.
Nahda
: “Eh, saiki sida kan meng omahku?”
Maria
: “Ya sida. Nanging nang omahmu arep ngapa?”
Nahda : “Kepriye nek dolanan monopoli, kan seru!”
Ningrum
: “Lha apa ora sida garap tugas?” (karo dolanan hpne Nahda)
Maria : “Tugas iku masalah gampang.”
Nahda : “Iya, sek-sek langsung dadi. Ora ketang 5
menit. Sing penting mengko sing mikir akeh karo sing nulis jawabane kan
Ningrum. Hahaha.”
Ningrum
: “Yawislah, aku nurut wae.” (esih dolanan hp)
Ningrum
esih mantengi hpne wae. Ora semaur-semaur. Banjur munculake gregete Nahda.
Nahda : “Rum, Ningrum, Ningrummmmm... . Kene aku
njelang hpmu!”
Akhire
Nahda neplak Ningrum.
Ningrum
: “Awww. Larane.. jan. Ana apa to, Da? Ora ana apa-apa kok
neplak-neplaki, to?”
Nahda : “Lha kowe dijak ngomong ora semaur-semaur.Kene
aku njelang hpmu.”
Ningrum
: “Nyah.” (karo ngetokke hpne)
Maria : “Kacang iku larang... Ora ana sing murah...
Ka-cang iku laraaaaang banget.” (rai cemberut)
Ningrum
: (ngguyu dewe)
Maria : “Ngapa kowe ngguyu-guyu.” (ngomel-ngomel
ora genah)
Ningrum
: “Eh, lha apa to? Aku ora ngguyuni kowe kok. Ge-eR weee Ge-eR.”
Maria : (kesel karo isin)
Banjur
iku,
Maria : (Ndeleng ana kertas) “Eh iku apa ya?”
Nahda : “Eh iya, iku apa ya?”
Ningrum
: “Halah... iku kertas biasa sing digambar-gambar cah cilik. Hahaha.”
Nahda : “Hahaha.”
Maria : “Sek sek, iki kaya peta sing ana nang
film-film iku lhooo.”
Nahda : “Halah kowe, nonton film wae kon.”
Maria : “Ya ora lah ya, tak jupuk ya!”
Ningrum
: “ Aja, Mar. Kotor.”
Maria
tetep njupuk kertas iku.
Maria : “Eh iki temenan peta! Sing ana nang film
iku lho!”
Ningrum
: “Apa ho-oh lah.” (karo ngguyu-guyu)
Maria : “Iya iki temenan. Nang ujung kertas iki
ana gambar harta karun.”
Nahda : “Eh iya iki, apa temenan ana harta
karune?”
Ningrum
: “Alah. Lembooo. Kaya kue be dipercaya. Hahaha.”
Nahda : “Eh iki temenan. Mreneo.”
Ningrum
: “Ana apa to?”
Nahda : “Iki lho, delengen.” (karo nunjuk gambar
harta karun)
Ningrum
: “Eh iya. Wacanen iki ana tulisane Hutan Blarak.”
Maria : “Iya iya. Bener. Ayo kita nliti! Aku kepo iki, hehehehe.”
Nahda : “Mengko nang omahku ngrembugan iki wae.
Karo garap tugas ya!”
Maria : “Iya iya. Aku setuju!”
Nahda : “Kepriye koe, Rum? Setuju apa ora?”
Ningrum
: “Eh iya iya. Setuju apa ta?”
Maria : “Owalah. Lha koe ngapa wae ket mau?” (rai
kesel)
Ningrum
: “Iya maap lah. Dadine setuju apa?”
Nahda : “Dadi ngene, mengko nang omahku ora sida
dolanan monopoli. Sidane kita ngrembug iki wae”
Ningrum
: “Ohhh... yayaya. Aku ya mesti
setuju lah.”
Maria : “Heeehhhh (-_-)”
Ningrum
: “Lha ayo ndang meng omahmu, Da!”
Nahda : “Ya ayo, ndang!”
Nang
omah Nahda.
Maria : “Jane iki peta apa ya? Kok ana peta iki
sih?”
Ningrum
: “Iya! Kaya nang film-film ning sing jaman dhisik.”
Nahda : “Eh iya ya. Padahal saiki jaman moderen
lho. Kok esih ana sing nggawe kaya ngene.”
Maria : “Kepriye nek kita golek iki, sapa ngerti
kita dadi sugih.”
Ningrum
: “Hahaha. Dadi milyader cilik.”
Nahda : “Walah jan. Ningrum... Ningrum... .
Ana-ana wae koe.”
Maria : “Hahaha. Ningrum be.. kaya koe nembe kenal
Nigrum wae.”
Nahda : “Hahaha. -_-“
Ningrum
: “Eh, tapi 3 dina mengarep kita kan libur.”
Maria : “Eh iya ya. Yawis, saiki kita teliti.”
Nahda : “Ok. Aku setuju.”
3
jam sawise...
Nahda : “Dadi wengi iki aku karo Maria nginep kene.”
Ningrum
: “Oke. Yawis, ndang pada bali.”
Wengine,
nang omah Ningrum.
Maria : “Eh aku nembe sadar, iki start-e saka
Hutan Blarak.”
Nahda : “Haaah? Apa iya?”
Ningrum
: “Hutan Blarak? Hutan Blarak iku hutan terlarang. Ora ana wong sing
balik meneh.”
Maria : “Aku ora ngandel. Masa isa sih?”
Ningrum
: “Iyaaaa! Temenan, aku ora nglembo.”
Nahda : “Aku ya ora ngandel. Apa ana penjelasan
sing luwih ilmiah?”
Ningrum
: “E... ora ana sih. Ning jere Bapakku ora ana sing wani mlebu alas
kui.”
Maria : “Halah. Paling ya lemboan wae. Sapa ngerti
mitos iku digawe nggo meden-medeni wong wae.”
Nahda : “ Iyaa! Buktine wae harta karun iku
start-e nang Hutan Blarak.”
Bapak : “Ningrummmmmm! Wis
wengi, ndang turu! Mengko kerainen.”
Ningrum
: “Nggih, Pak.”
Nahda : “ Yawis. Ora usah dadi pikiran. Sing
penting saiki kita turu, sesuk-seuk kita
tangi gasik.”
Maria : “Yaaa. Selamet turu.”
Esuk
–esuk.
Nahda : “Wis pada siap to? Alat-alate wis pada
komplit kan?”
Maria : “Iya aku wis siap.”
Ningrum
: “Aku esih kepikiran. Aku wedi nek kita ora isa balik meneh.” L
Nahda : “Ora-ora, percaya wae karo aku. Ningrum
kan setrong(kuat) ”
Maria
: “Wis Rum, ra usah wedi, mengko ra sida mangkat yen kowe nggriyeng wae.
Aku iki wis siap mangkat, masa dakkemas maneh?”
Ningrum : “Yo wes, yuh mangkat! Tapi dewek
bakalan bisa bali, kan?”
Nahda
: “Iya iya..... wis, ra usah akeh guneman. Yuh, mangkat.”
Satekane ing Alas Blarak...
Ningrum
: “Mar, Da, kahanane alas iki rak kaya biasane yo? Kaya ana sing ra
lumrah ing kene.”
Maria
: “Ah palingan perasaanmu wae, Rum.”
Ningrum
: “Ah, yowis lah.”
Nahda : “Ayo ndang mlebu.”
Nang
panggonan liya, ana 2 penjahat sing ngintai bocah 3 mau. Ternyata, penjahat mau
mbuntuti bocah 3 mau kawit nemu peta ing dalan.
Udin :
“Delengen bocah 3 kae, bocah-bocah iku nyekel peta sing kita golek.” (umpetan
nang semak-semak karo ndelengi bocah 3 iku)
Graha : “Iya, kita kudu ngrebut peta iku saka bocah 3 mau.”
Udin : “Kene tak bisiki.”
Graha : (merek meng Udin)
15
menit sawise dalan saka start.
Ningrum
: “Eh istirahat dhisik yo. Aku kesel iki.“
Sawise istirahat.
Ningrum : “Eh Mar, Da, aku kebelet pipis iki. “
Maria :
“Pas waktu kaya ngene koe malah kebelet pipis.”
Ningrum : “Ya jenenge kaya ngene.”
Nahda :
“Yawis, cepetan kono nang mburi semak iku.”
Ningrum : “Oke.” :s
Udin : “Delengen iku. Ana bocah sing lagi
umpetan nang mburi semak iku.”
Graha : “Eh iya.”
Udin : (mbisiki Graha)
Graha : “Oh yayaya. Sippp.”
Udin :
“1…2…3…” (karo suara lirih)
Ningrum : “Aaaaaa…..”
Udin : “Meneng
apa tak…”
Ningrum : (rai pasrah)
20 menit sawise.
Nahda :
“Eh Ningrum kok durung mbalik-mbalik ya?”
Maria :
“Iya ya. Apa tiliki wae.”
Nahda :
“Ayo!”
10 menit sawise.
Maria :
“Kok ora ana ya?”
Nahda :
“Ningrum…Nigruuuuumm.”
Maria :
“Walah jan, jarene wedi, kok palah ngilang kaya ngene sih?”
Nahda :
“Iya ya, aneh.”
15 menit sawise, Nahda krungu
suara bapak-bapak kaya lagi mbentak-mbentak.
Nahda :
“Eh, sstttt… Aja seru-seru.” (suara lirih)
Maria :
“Iya. Koe ya krungu to?” (suara lirih)
Nahda :
“Iya. Ayo tiliki.” (suara lirih)
Udin : “Nang endi peta iku?” (suara mbentak)
Graha : “Iya! Nang endi? Cepet tokna!”
Ningrum : “Aku ora nyekel petane. Sumpah.”
Udin :
“Alah nglemboni koe!”
Ningrum ora ngerti babar blas
bab peta kui. Ningrum mung melu-melu kancane wae. Akhire Ningrum dilakban
mulute, sedurunge dilakban, Ningrum wis dijiret nang kursi reot sing ana nang
hutan. Bar iku, penjahate lunga saka panggonan iku.
Nahda :
“Kita kudu nyelametke Ningrum!”
Maria :
“Iya! Aku setuju!”
Nahda :
“Penjahate wis ora ana kan?”
Maria :
“Ora kayane.”
Nahda :
“Aja kayane! Nek esih ana nang kene, kita ya mesti melu ketangkep!”
Maria :
“Emmm… sek sek, wis ora ana.”
Nahda : “Alon-alon
dalane.”
Maria :
“Iyaa.”
Nahda lan Maria mlaku alon-alon
metu saka semak-semak mau.
Maria :
“Ningrummm.”
Ningrum : (arep ngomong ning ketutup lakban)
Nahda :
“Ayo cepet culke cepet tali kui. Keburu penjahate mrene meneh”
Nahda lan Maria ngeculke tali
sing njiret tangan lan kaki Ningrum. Sawise iku, Ningrum nyeritake kejadian
wiwit Ningrum diculik nganti Ningrum ketemu karo Nahda lan Maria.
Maria :
“Ooohh… ngono to?”
Nahda :
“Yawis. Saiki kita luwih waspada lan isa jaga diri. Yuh kita nuju dalan iki.
Kayane kita wis setengah perjalanan.”
Ningrum : “Alhamdulillah. Huffftt.” (ngelap kringet
sing ana ning dahine)
Maria :
“Kayane ora perlu sue-sue lho. Hihihi.”
Ningrum : “Haah? Maksude?”
Maria :
“Iku delengen.”
Nahda :
“Apa sih? Aku kok ora ketok ya?”
Maria :
“Walah jan. (nepuk dahi) Yo dalan mengarep.”
Ningrum lan Nahda ngetutke Maria
nang mburine karo gandengan.
Ningrum : “Aaaaaaaaa…” (suara Mandan seru)
Nahda + Mingrum : “Sssttttt… aja seru-seru, mengko nek
krungu, priwe?”
Ningrum : “Iya, iya.”
Nahda :
“Aja dijikut kabeh. Jukut saperlune wae.”
Maria :
“Oke sip.”
Sekitar 100 meter sawise njukut,
penjahat mau ndeleng bocah 3 mau. Banjur iku, penjahate mburu bocah 3 mau.
Nahda :
“Eh, sek. (marep mburi) Iku ana penjahateeeee.”
Maria + Ningrum : “Mlayuuuuu.”
Pas lagi mlayu, Ningrum
kepleset.
Ningrum : “Tolonggg…”
Nahda :
“Eh eh, Ningrum?!”
Maria :
“Kene-kene, tanganmu ekelen tangan ku.”
Ningrum berusaha nggo nyekel
tangane Maria. Ning pas Ningrum wis selamet, Maria palahan kepleset…
Nahda :
“Mariaaa… kene kene tanganmu.”
Maria :
“Oraa, aku ora bisa. Aku titip salam wae karo ibu, bapak, lan adikku. Tolong
ndongakna aku supaya aku isa mlebu surge yaa.” :’)
Ningrum : “Aja ngomong kaya kui, Mar. Koe ora ulih
patah semangat.” (nangis sesenggukan)
Nahda : “Ya ampun, Mar. Aja kaya ngono.”
Maria : “Orapapa. Pokoke dongakna aku sing apik-apik
yaaa. Dahhhh.” :’)
Nigrum + Nahda : “Mariaaaaaaa.”
Bapak :
“Ningrum.. Ningrummmm. Tangi! Wis awan iki!”
Ningrum : “Hah? Hah? Aku ngimpi to?”
Bapak :
“Iya. Ket mau koe mbengok-mbengok wae. Walah jan. Bapak kebrebegi ngerti.”
Ningrum : “Hehehe. Nyuwunpangapunten, Pak. Kula
mboten kraos.”
Bapak : “Yawis, ndang adus. Sida melu meng kantor
pos apa ora?”
Ningrum : “Inggih, Pak.”
Jebulane, iku kur mimpine
Ningrum. Sawise Ningrum adus, Ningrum midek kertas. Rasan-rasanne iku kaya
kertas nang mimpine Ningrum. Apa aja-aja…
Slots 1x2 Casino & Sports Betting Platform - Royal Ascot
BalasHapusSlots 1x2 is air jordan 18 retro a casino and 일문공 막힘 sports betting platform offering a simple and secure way of playing where to buy jordan 18 white royal blue and betting air jordan 18 retro men blue shipping on the air jordan 18 retro red great site go. It's simple and secure, it's fast,